Senin, 01 April 2013

CONTOH PIDATO JAWA PERINGATAN 1 MUHARRAM

CONTOH PIDATO JAWA PERINGATAN 1 MUHARRAM


Assalamu’alaikum wr.wb
Alhamdulillahirobbal alamin assholatuwasalamu ngala asrafilil ambiya’i wal mursalin wangala alihi wa sahbihi aj’mangin laa haula wala quata illa billahil ayihil adzim amaba’du


      Dhumateng poro bapak ibu guru juri ingkang kawulo hormati, dhumateng segenap panitia ingkang kawulo hormati lan rencang-rencang kulo  ingkang kawula tresnani.

Langkung rumiyen sumonggo wonten ing kesempatan puniko kito sesarengan ngaturaken raos syukur dumateng ngarsa Allah SWT kanthi ucapan alhamdulillah wa syukurilah, ingkang sampun maringi kesehatan jasmani utawi rohani sahinggo kito sami saget mekempal wonten acra punika kanthi sehat wal afiat allohumma amin.

     Kaping kalihipun shalawat sarto salam mugi tetepkatur kunjuk dhumateng junjungan nabi kito Muhammad SAW  kanti ucapan allahumma sholiala syayidina muhammad, mugi-mugi loberan salamipun saget anglomeberi ing kito sami, amin-amin ya robal alamin.

     Selajengipun kulo wonten mriki badhe ngaturaken sekdik tentang mingeti tanggal 1 muharom meniko, kito sami saget ngrasak aken wonten saat meniko tahunipun tambah umur kito pun nggeh luwih cedek ngadepi pejah kito, sakniki monggo kito dandani awak kito lan manah kito, wonten ing lembaran ingkang enggal puniko, ati kito kados kertas putih ingkang dereng enten coretanipun nopo-nopo, sumonggowoten ing kesempatan puniko ati kito kito gambari utawi kito tulisi ndamel perbuatan-perbutan ingkang sae, utawi ngibadah ingkang sae, kito saget  pados ganjaran niku secra gampil, kito nulung rencang niku npun di anggep ibadah kaleh gusti allah. Sepindah maleh monggo wonten kesempatan puniko kito sesarengan noto manah lan awak kito tiambak-tiambak.

     Cekap semanten ingkang saget kawulo aturaken, mbok bilih wonten kirang langkunge kulo matur nyuwun agunging sih samudro pangaksami dhumateng poro rawuh sedoyo.

Kulo akhiri ihdinassiratol mustaqim
wassalamu’alaikum wr.wb

4 komentar: